Kamis, 23 Desember 2010

Layang Pribadi

Yogyakarta, 22 Desember 2010

Sembah sungkem pangabekti

Katur Eyang Sugeng ing Jakarta

Nuwun, kanthi serat menika kula ngaturi priksa dhumateng Eyang sekaliyan , bilih ingkang wayah ing Ngayogyakarta tansah ginanjar kabagaswarasan, mugi-mugi Eyang ing mrika tansah manggih kawilujengan ugi.

Kajawi menika, ngaturi priksa bilih sekolah badhe libur ing wulan Juni 2011. Menawi kepareng , kula badhe sowan sinambi liburan ing TMII mrika kaliyan karemenan kula mriksani museum.

Wasana, matur nuwun lilanipun Eyang sekaliyan. Menawi wonten kalepatan imgkang wayah nyuwun pangapunten saha nyuwun tambahing pangestu. Nuwun.

Ingkang Wayah,

Nuri Astaningrum

Tidak ada komentar:

Posting Komentar